Sabtu, 27 Desember 2014

Lilo

Opo wis ora kelingan

Sumpah janjimu mung marang Aku

Sineksen lintang rembulan

Jarene tresnamu mung kanggo Aku



Wis nganti telung ketigo

Nanging Sliramu ora kirim warto

Bareng saiki wis teko

Kowe malah nggandeng Prio lio


Ora nyono ora ngiro

Kowe medhot talining asmoro

Tresnaku kang tulus suci

Ra mbok jogo malah mbok blenjani


Opo pancen wis nasipku

Kudu pisahan karo Sliramu

Pancen abot jeroning ati

Nanging aku ra biso ngwenehi


Lilo atiku wis lilo

Senajan batinku keloro-loro

Nanging aku ra kuwawa

Mergo Aku wis kebacut tresno



#Kembali ke awal

Tidak ada komentar:

Posting Komentar