Selasa, 16 Februari 2021

Sesideman

Cipt; Sukron Suwondo


Luwih becik patenono

Timbang pepisahan mring dya kang sulistya

Tak rewangi samudana

Marang keluarga  garwa lan praputra


Lewat gincanging alismu

Kuasa hanandang rasaning atiku

Nadyan wus lingsir yuswaku

Aku isih mampu ngladeni solahmu


Mangka kowe bocah nggunung

Nadyan bocah nggunung kaduguh hanyrimpung

Jiwa ragaku kok wurung 

Kehormatan mamprung rubuh ngarep pindo


Urip ana kutha gedhe

Kowe tak tukok ke omah sak isine

Kowe aba apa wae 

Nadyan sesideman mesthi kasembadan

------

Luwih becik patenono

Timbang pepisahan mring dya kang sulistya

Tak rewangi samudana

Marang keluarga  garwa lan praputra


Lewat gincanging alismu

Kuasa hanandang rasaning atiku

Nadyan wus lingsir yuswaku

Aku isih mampu ngladeni solahmu


Mangka kowe bocah nggunung

Nadyan bocah nggunung kaduguh hanyrimpung

Jiwa ragaku kok wurung 

Kehormatan mamprung rubuh ngarep pindo


Urip ana kutha gedhe

Kowe tak tukok ke omah sak isine

Kowe aba apa wae 

Nadyan sesideman mesthi kasembadan


Tidak ada komentar:

Posting Komentar