Sabtu, 28 Januari 2017

Dewi Kilisuci

Binarung swara jagat

Kang hang ngrujiknolo

Hangiring jengkaring putri kang kaloko

Cinondro widodari ngejo wantahing bawono




Pating gumebyar busana gelar maha mantri

Putri kinasih ratu erlangga kang kawiji

Sanyoto merak ati dewi kilisuci


Akeh satrio kesengsem putri kahuripan

Maheso suro yekti jengkar saking pertapan

Mung pengen biso nompo manise katresnan


Rekadayane dewi kilisuci

Dudu indahing tresno kang den paringi

Mung urug gunung watu kang agawepati

Maheso suro sirno nggowo lara neng ati


Roso getun ing jeroning wardoyo

Dewi kilisuci hang netep jeroning guwo

Selomangkleng dadi papane topo broto

Madep darmaning resi kang sanyoto


Pating gumebyar busana gelar maha mantri

Putri kinasih ratu erlangga kang kawiji

Sanyoto merak ati dewi kilisuci


Akeh satrio kesengsem putri kahuripan

Maheso suro yekti jengkar saking pertapan

Mung pengen biso nompo manise katresnan


Rekadayane dewi kilisuci

Dudu indahing tresno kang den paringi

Mung urug gunung watu kang agawe pati

Maheso suro sirno nggowo lara neng ati


Roso getun ing jeroning wardoyo

Dewi kilisuci hang netep jeroning guwo

Selomangkleng dadi papane topo broto

Wanudiyo suci kang agelar gedhe

Hanulak kalungguhan Ratu Radiyonri

Tidak ada komentar:

Posting Komentar