Minggu, 26 Juni 2016

Kahanan

kahanku iki yen tak umpamane

koyo cahyaning mbulan kang kalingan mego

peteng koyo angin luwung

suwung sepi tanpo ono

kang biso angluari penandanging ati

njerit nangis atiku

netes eluh ing pipiku

roso nelongso sliramu megatke tresno

ibarat kembang kang layu tanpo kumbang asmoro

aku kang kebacut tresno tego kok tinggal lungo

intro.....

lamun ing wanci wengi yen rino atiku nelongso

putus talining janji kowe ninggal kembang tresno

lara laraning ati snadyan lara aku nerimo

sliramu cidro janji tego ninggal aku lungo

tak lilakke lungamu snadyan abot jeroning rasaku

pepes wot ing atiku kesayat welas tresnomu

nadyan abot gunungmu ojo nganti nglalekne aku

kenangan lan sliramu dadi memaniking kalbu

umpamane kowe bali nambani larane ati dhek semono

tak enteni kowe bali bebarengan nyambut tresno dhek semono ho...ho...

. . . . . . .

Tidak ada komentar:

Posting Komentar