Minggu, 26 Juni 2016

Tembang Kangen

Wayah wengi udan  grimis ora uwis-uwis.

Banyu kang tumetes dadi seksi nggonku nangis.

Wong sing tak tresanani tega ninggalake aku.

Suwung jroning uripku yen ora ono sliramu.

Sumilire angin tansah ndudut kalbu.

Roso kang tak ampet agawe loro dadaku.

Lewat tembang kangen muga bisa dadi tamba.

Tamba kangen iki nandhang wuyung rina wengi.

Liwat tembang kangen aku titip tresna.

Opo pancen sliramu uwis ora krasa.

Liwat tembang kangen aku titip sayang.

Tresnaku mring sliramu ora bisa ilang.

Opo lali opo pancen wis ora ngerti.

Saktenane aku mung tansah setya ngenteni.

Ngenteni baline endah manise esemu.

Lewat tembang kagen iki wujud katresnanku.

 intro.....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar