Senin, 13 Februari 2017

Manise Asmoro

Neng alam ndonya

Sumebyar wernane tresna

Ora kuasa goyah kukuh setyaku

Kangen ngliputi wayah rino lan wengi

Cedhak andum katresnan

Lamun adoh tansah kelingan

Neng ati iki Mung sliramu tak tresnani

Nguwasani rasa ra sewates jeroning dada

Tansah memuji nyuwun palilahing Gusti

Tresnamu tresnaku biso nyawiji saklawase

Naliko sliramu ngekep aku neng dada

Bingung, seneng, sedih lebur dadi rasa tresna

Merdeka lan mabur nembus wates suwargoning ndonya

Manjing jeroning taman

Nyecep manis madune kembang asmara

......

Tidak ada komentar:

Posting Komentar