Rabu, 11 April 2018

Mijil Kethoprak Pangeran


Cipt : Arif CJDW

Duh Biyung mban
Wayah apa iki

Rembulan wis ngayom
Ing gegana

Kang abyor lintange
Titi sonya puspita kasilir
Maruta ris kengis sumrik gandayana rum

Kados Gusti
Sampun tengah ratri
Pandugining bathos

Hiya ya kok
Durung rawuh mrene
Gusti kakung ratune wong sigit

Apa cidreng janji
Garah mring wak ingsun
....

Yo sedulur eling lan waspada
Sabar, tawakal, jujur lan narima
Jangkepe kudu temen luput ing Bilahi
Sayekti iku paugeran
Tindhakno kabeh bakal panggih kamulyan

Intro:...

Yo sedulur eling lan waspada
Sabar, tawakal, jujur lan narima
Jangkepe kudu temen luput ing Bilahi
Sayekti iku paugeran
Tindhakno kabeh bakal panggih kamulyan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar